Bocoran Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 Tahun 2018 - 2019


Bocoran Soal UTS Bahasa Jawa SD Kelas 5 Semester 1 Tahun 2018 - 2019 - Buat anda yang ingin tahu Bocoran Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 maka ketahui langsung disini dengan melakukan download secara langsung karena kami menyediakan untuk anda semua tentang Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 tersebut lengkap dan ini akan menjadi latihan Soal anda  untuk Ujian Tengah Semester nantinya.

I.    Wenehana tandha silang (X) ing jawaban sing kokanggep bener! 

Nomer 1- 5 manut wacan!

R.A. Kartini

 R. A. Kartini asale saka Jepara, lair 21 April 1879. Panjenengane putra bupati Jepara. Nalika ngancik dewasa, R. A. Kartini dipingit nganti oleh jodho. R. A. Kartini mbrontak, sajroning pingitan ora oleh metu saka pekarangan omah,ora entuk sekolah, apa maneh sesambungan karo kanca-kancane. Jroning ati, R. A. Kartini pingin kaum wanita bisa sekolah lan entuk pendhidhikan kang murwat.

   Nalika ngancik dewasa, R. A.Kartini dipundhut garwa Bupati Rembang. Garwane R. A.Kartini menehi panyengkuyung marang cita-citane R. A Kartini. Mula Kartini banjur ngedekake sekolah wanita. Ing kana, kaum putri diajari, maca, nulis, njahit, ngrenda, mbatik, masak, lan ketrampilan liyane.

    Semangate R. A.Kartini kanggo majokake kaume tambah gedhe amarga uga oleh dukungan saka mitra kenthele, yaiku Abendanon.Liwat layang-layange Abendanon, Kartini bisa entuk wawasan anggone ngedekake sekolah putri. Sakbanjure layang-layang R. A. Kartini dikumpulake  dadi buku kanthi judhul Habis Gelap Terbitlah Terang.

   Nanging eman, during bisa ngrasakake kasile, R. A. Kartini wis kapundhut dening Gusti, nalika nglairake putrane kapisan. Semana gedhene dharma bektine R. A. Kartini tumrap nusa bangsane.


1. R. A. Kartini lair ing ….
a. Jepara                                         c. Rembang
b. Jepang                                       d. Jethis

2. R .A. Kartini lair nalika tanggal ….
a. 2 Maret 1879        c. 21 April 1979
b. 21 April 1879        d. 21 Maret 1979

3. R. A. Kartini nduweni kepinginan yaiku ….
a. mardikake bangsa Indonesia
b. sekolah kang dhuwur
c. kaum wanita bisa sekolah lan entuk pendhidhikan kang murwat
d. metu saka pekarangan omah

Baca Juga Soal Uts Lainnya :
4. Ing ngisor iki apa-apa sing diwulangake dening R. A. Kartini, kejaba ….
a. nulis    c. njahit
b. maca    d. perang

5. Judhul buku sing dianggit dening R. A. Kartini yaiku ….
    a. Terbitlah Terang    c. Habis Gelap Terbitlah Terang
    b. Habis Gelap Bersinar    d. Gelap dan Terang

6. Ibu nggawa tas. Ngoko aluse ….
    a. Ibu mbeta tas    c. Ibu nyangking tas
    b. Ibu ngasta tas    d. kabeh jawaban salah

Selengkapnya Bocoran Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 Tahun 2018 - 2019 - Download

0 Response to "Bocoran Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 Tahun 2018 - 2019"

Posting Komentar